TULADHA SABDA PASRAH PANAMPI “PANINGSET”
i. TULADHA PASRAH “PANINGSET”
Assallamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh
Assalatu wasallamu ngala asrofil ambiya’i wamursalim wangala alihi wasabihi aj’main ama badu’
Robi sodri wayah sirli amri wa khulul mil insani …….
KAPURWAKAN
KANTI KULA DHEREKAKEN MANEKUNG MANENGKU PUJA BRATA LEBETING WARANA
SAHANDAP PEPADHANGING HYANG SUKMA KAWEKAS INGGIH GUSTI INGKANG WELAS
MIWAH MAHA ASIH, AWIT SAKING RUMENTAHING SIH WILASA MIWAH NUGRAHA
INGKANG SAMPUN TUMANDUK ING JIWANGGA KITA WARADIN SAGUNG DUMADI RAHARJA
MINULYA.
Kula nuwun
Kangmas / Adhimas / Bapak : ……………………………………………………
Kula
asma : ……………………. kapiji kapitaya hanyepuhi pangaraking badhe Pengantin
kakung, kepareng hanyanti astuti kawilujenganipun kulawarga ing mriki.
Ing
salajengipun kula kepareng anglarapaken badhe Pengantin kakung inggih
angger : …………………………. putranipun Kakangmas / Adhimas / Bapak : ……………………….
ingkang badhe hangemong Nimas : ……………………….. putra putrinipun Kakangmas /
Adhimas / Bapak : ………………………..
Hanjawi saking punika, salugu hanetepi
tata cara caraning adat bebesanan, kula ngaturaken “PANINGSET” tumprap
ingkang badhe nambut silaning akrami, jangkep “ABON-ABON” tuwin
rinangken “PANGIRING” sawetawis. Ing pangajab mugi murakabi kangge
paseksen antebing sedayanipun para besan, saha andadosaken sarana
ingkang handayani, panyuwun dhumateng Pangeran ingkang Maha Agung
manunggalipun Dimas : ………………………… kaliyan Nimas : …………………………..…… lestari
widodo nir ing sambikala jodo ing salami-lami.
Ing wasana sadaya tuna
dungkaping atur, kirang wijang-wijiling ukara, minggahing kirang
subasita miwah larasing tata krami, kula nyuwun agunging samodra
pangaksami
Nuwun
Wabilaihi taufik wal hidayah wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarohkatuh.
TULADHA PANAMPI “PANINGSET”
Assallamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh
Assalatu wasallamu ngala asrofil ambiya’i wamursalim wangala alihi wasabihi aj’main ama badu’
Robi sodri wayah sirli amri wa khulul mil insani …….
KAWILUJENGAN KABAGYAN MIWAH KAMULYAN MUGI TANSAH SUMANDHA ING JIWANGGA KITA AWIT SAKING NUGRAHANING GUSTI INGKANG MAHA SUCI.
Kula nuwun
Pambagya kula mugi katampi ing ngarsanipun Kangmas / Adhimas / Bapak : ……………………… Sapinesepuh dalah para pangiring.
Menggah
pangandika, anglarapaken badhe pengantin Nakmas : ………………….. putranipun
Kangmas / Adhimas / Bapak : ………………….. sampun kula tampi. Panyuwun kula
sumangga sami sesarengan mangesti mugi kasembadan punapa ingkang kasedya
sami mbangun bale wisma kaliyan Nimas : ………………………. putra putrinipun
Kangmas / Adhimas / Bapak : …………………..
Wondene upacaraning paningset jangkep sampun kula tampi kanti bingah lan sanget andamel ageninging manah.
Bebasan nugraha lambanging jodho ingkang dhumawah pindha Wahyuning Jawata.
Ing
salajengipun kepareng pinarak dumateng para pinisepuh dalah para
pangiring mangestoni lelenggahan kanthi mardikaning panggalih, saha
kirang jangkeping panampi kula mugi kersa paring pangaksama.
Nuwun
Wabilaihi taufik wal hidayah wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarohkatuh.
TULADHA SABDA PASRAH PANAMPI
I. TULADHA SABDA PASRAH BADHE PENGANTIN
Assallamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh
Assalatu wasallamu ngala asrofil ambiya’i wamursalim wangala alihi wasabihi aj’main ama badu’
Robi sodri wayah sirli amri wa khulul mil insani …….
KATENTREMAN MIWAH KARAHAYON MUGI TANSAH TUMANDUK ING KITA SAMI, AWIT SAKING PARINGING SIH NUGRAHA GUSTI INGKANG MAHA WIKAN.
Kula nuwun,
Kangmas / Adhimas / Bapak : …………………… (wakil panampi pihak putri)
Ingkang asulih sarira Bapak ……………………….. nun inggih tiyang sepuhipun badhe Pengantin Putri,
Kula
asma : …………………… sinaraya panjenenganipun Bapak : ………………… inggih tiyang
sepuhipun badhe Pengatin Kakung pinatah kardi kinarya suba manggalaning
lampah badhe Pengantin Kakung sapendherek.
Sapisan
:
Kepareng ngaturaken salam pambagya basuki konjuk dumateng Bapak ……......... sakulawangsa.
Angka kalih
:
Ngaturaken salam taklimipun Bapak ……… mugi katur Bapak …… sagotrah.
Ingkang angka tiga
:
Kepareng ngaturaken badhe Pengantin Kakung nun inggih Bagus …………… mugi kadaupaken anut satataning agami Islam.
Wondene ingkang angka sekawan
:
Lumarap
pisowanan kula sakadang wonten kiranging basa, sastra lan suba sita
miwah larasing tata krami, mugi sampun kirang pamengku.
Purwa, madya
lan wasana bilih ing sakmangke sampun purneng gati, kula sakadang nyuwun
madal ing pasilan nderek pamit, mugi tansah rahayu ingkang sami
pinanggih
Nuwun
Wabilaihi taufik wal hidayah wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarohkatuh.
II. TULADHA SABDA PANAMPI BADHE PENGANTIN
Assallamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh
Assalatu wasallamu ngala asrofil ambiya’i wamursalim wangala alihi wasabihi aj’main ama badu’
Robi sodri wayah sirli amri wa khulul mil insani …….
MAHARDIKENGTYAS
MRING KAMARDIKAN, NUGRAHA MIWAH SIH WILASANING GUSTI INGKANG MAHA
TUNGGAL, MUGI TANSAH KASARIRA ING JIWANGGA KITA WARADIN SAGUNG DUMADI
RAHARJA NISKALA
Kula nuwun
Kangmas / Adhimas / Bapak : ………………
(wakil pasrah pihak kakung) ingkang asulih sarira Bapak : ……………….. nun
inggih tiyang sepuhipun badhe Pengantin Kakung.
Kula asma …………………… kinarya talanging basa Bapak ………….. inggih tiyang sepuhipun badhe Pengantin Putri
Sapisan
:
Kepareng hangaturaken salam pambagya sugeng rawuh, badhe Pengantin Kakung sapendherek.
Angka kalih
:
Salam
taklimipun Bapak : ………… kula tampi. Kosok wangsulipun salamipun Bapak :
……….. mugi kalarapaken dumateng Bapak : ………. Sakulawangasa.
Ingkang angka tiga
:
Pasrah panjenengan kula tampi, ing sakmangke badhe kula dhaupaken kaliyan Dyah Rara : ………….. anut satataning agami Islam.
Wondene ingkang angka sekawan
:
Kaaturan sugeng lenggah kanthi mardikaning penggalih dumugi parupurnaning pahargyan.
Ing
wasana sedaya atur kula wiwit purwa, madya dalah wasana wonten kirang
treping atur, kiranging suba sita punapa dene tata krami nyuwun agunging
pangaksama.
Nuwun
Wabilaihi taufik wal hidayah wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarohkatuh.
III. TULADHA SABDA ATUR BAMBAGYA HARJA
Assallamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh
Assalatu wasallamu ngala asrofil ambiya’i wamursalim wangala alihi wasabihi aj’main ama badu’
Robi sodri wayah sirli amri wa khulul mil insani …….
MAHARDIKENGTYAS
MRING KAMARDIKAN, NUGRAHA MIWAH SIH WILASANING GUSTI INGKANG MAHA
TUNGGAL, MUGI TANSAH KASARIRA ING JIWANGGA KITA WARADIN SAGUNG DUMADI
RAHARJA NISKALA
Kula nuwun
1. Para sepuh, para sesepuh miwah para pepunden ingkang tansah hamastuti pepoyaning kautaman.
2.
Para Kyai, Uztad, ngalim ulama lan para pandhita ingkang sanget kula
dhereki fatwa-fatwanipun lumarap ingkang pantes sinudarsana ing sasami.
3. Para manggalaning praja satriyaning Pancasila ingkang kinarya pandam pandoming kawula dasih den ingkang pantes sinudarsana.
4.
Utaminipun ingkang minulyeng budi Bapak Bupati Purworejo Hadipurwa Haji
Kelik Sumrohadi Sarjana Sosial, Magister Manajemen ingkang sinungga ing
pakurmatan.
5. Para sanak kadang kulit daging pawong mitra ingkang pantes sinambrama ing pamboja.
6. Para remaja putra remaja putri ingkang satuhu kinasih ing Gusti, waradinipun para tamu kakung putri wreda muda minulya.
Punten
dalem sewu mugi tinebih ing saru siku, dene ing wekdal pinika kula
cumanthaka sumantana, nerak subasita tinebih ing udanegari. Kepareng
munggel pangandikan miwah hanyaruwe kamardikan panjenengan sami.
Esthining parasdya tebih ing raos kumalungkung, hamung netepi darmaning
wajib tinimbalan panjenenganipun Bapak : ………………….. piniji kapitaya kinen
anglarapaken atur pambagya basuki harja, konjuk para tamu kakung putri
wreda muda munulya.
Sapisan, kepareng ngaturaken saha munjukaken
puja-puji syukur sahandap pepadaning Gusti Ingkang Maha Tunggal, inggih
awit saking paringing rahmat, nikmat, saha rumentahing sih wilasa miwah
nugraha dhumateng kita sami, sahengga ing wekdal punika kita saget
hanjenengi adicara pahargyan kanti tulus raharja nir ing sambikala.
Angka
kalih, kepareng hangaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken agunging
panuwun ingkang tanpa upami await sarawuh panjenengan sami ingkang
sampun nglodangaken wekdal saha kasdu ing kersa hanjenengi sedhanipun
Bapak : ………………………….
Jangkep ingkang angka tiga, hangaturaken panuwun
ingkang tanpa pepindhan dhumateng sanak kadang tangga tepalih ingkang
sampun sahabipraya suka pambiyantu ingkang awujud punapa kewala wiwit
purwa madya wasananing gati. Ingkang punika Bapak : …………….. mboten saget
suka lelintu ingkang satraju kaliyan sih kadarman panjenengan sami.
Hamung panuwun ingkang mawantu-wantu ing ngarsaning Gusti Ingkang Maha
Mirah, mugi pinaringan lelintu ingkang linangkung.
Ingkang angka
sekawan, bombonging manah Bapak : ………. tanpa pepindhan dupi hanguningani
sanggya para rawuh ingkang hanglangkungi lebeting pandapi, sampun sami
lenggah satata pepek sinaroja. Hamung kewala salebeting raos bombong,
kaselip raos kuciwa, ingkang mboten saget cinarita ing ukara. Awit
sarawuh panjenengan sami Bapak : ………… mboten saget hangacarani saha atur
palenggahan ingkang satraju kaliyan kalenggahan para rawuh, punapa dene
samukawis ubarampening pahargyan ingkang kirang nuju ing prana, mboten
wonten atur ingkang langkung utami namung nyuwun agunging samodra
pangaksami.
Ewa semanten Bapak : ………….. taksih nyuwun puja pagestu
sawetawis lumunturing sih puja-puji pudyastuti saking para rawuh, mugi
purneng gati amanggih suka basuki, tinebih ing sukerta, cinaket ing
kabagyan miwah kamulyan.
Ing wasana samya kaaturan sugeng lenggah
dumugi paripurnaning pahargyan. Sedaya atur kula wiwit purwa, madya
dalah wasana kathah cecer cewet galap gangsuling atur, kirang wijang
wijiling ukara, minggahing kirang subasita miwah larasing tata krami
mugi sampun kirang ing pamengku. Rahayu ingkang sami pinanggih.
Wabilaihi taufik wal hidayah wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarohkatuh.
Denok Mitra Pandhemen Basa Jawa
Sabtu, 26 Mei 2012
Jumat, 18 Mei 2012
MACAPAT
Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu.[1] Macapat kanthi jeneng sing béda uga bisa ditemokaké jroning kabudayan Bali[2], Sasak[3], Madura[4], lan Sunda. Sajabané kuwi macapat uga naté ditemokaké ing Palembang[5] lan Banjarmasin.[6] Biasané macapat dimaknani minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata).[7] Nanging bab iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liya uga ana.[7] Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah.[8] Sebab ing Jawa Wétan lan Bali macapat wis dikenal sadurungé teka Islam.[8]
Karya-karya kasusastran klasik Jawa saka jaman Mataram Anyar, umumé ditulis nganggo metrum macapat.[9]. Sawijining tulisan jroning wangun prosa utawa gancaran umumé ora dianggep minangka asil karya sastra nanging mung kayadéné 'daftar isi' waé.[9] Sawetara conto karya sastra Jawa sing ditulis jroning tembang macapat kalebu Serat Wedhatama[10], Serat Wulangreh[11], lan Serat Kalatidha.[12]
Puisi tradisional Jawa utawa tembang biasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé.[13] Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak.[13] Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.[14]
Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa Sangskerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.[13]
Aturan-aturan jroning macapat mau antara liya:
Sajabané sing wis kasebut ing dhuwur, makna liya yakuwi tembung -pat ngarujuk marang cacahing tandha diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan jroning panembangan macapat.[7]
Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang d’ening Ranggawarsita, macapat minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing tegesé "nglgokaké nada kapapat".[7] Saliyané maca-pat-lagu, isih ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu.[7] Miturut ujaring kandha maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké déning para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang pujangga istana Yogiswara saka Kedhiri.[7] Nyatané iki klebu kategori sing saiki disebut kanthi jeneng tembang gedhé.[7] Maca-ro klebu tipe tembang gedhé yakuwi cacahing ‘’bait’’ (pada?) saben pupuh bisa kurang saka papat sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda?) jroning saben bait (pada) ora mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara.[7] Maca-tri utawa kategori sing katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut ujar diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké déning Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré.[7] Wusanané, macapat utawa tembang cilik diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali.[7]
A). Tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé Panemu pisanan nganggep yèn tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé tanpa wretta utawa tembang gedhé kawi miring. Tembang macapat timbul ing zaman Majapahit pungkasan nalika pengaruh kabudayan Islam wiwit surut ( Danusuprapta, 1981 : 153-154 ). Diandaraké déning Purbatjaraka yèn lairé macapat bebarengan karo kidung, kanthi anggepan yèn tembang tengahan ora ana. ( Poerbatjaraka, 1952 : 72 )
B). Tembang macapat luwih anom tinimbang tembang gedhé Panemu kaloro nganggep yèn tembang macapat lair ing wektu pengaruh kabudayan Hindu tansaya tipis lan rasa kabangsan wiwit tuwuh, yaiku ing zaman Majapahit pungkasan. Lairé macapat urut-urutan karo kidung banjur muncul tembang gedhé abasa jawa pertengahan, sabanjuré muncul macapat abasa jawa anyar. Lan ing zaman Surakarta wiwitan muncul tembang gedhé kawi miring. Wangun gubahan abasa jawa anyar sing akèh disenengi yaiku kidung lan macapat. Prosès pamunculané wiwit nalika lair karya-karya abasa jawa pertengahan sing biasa disebut kitab-kitab kidung, banjur muncul karya-karya abasa jawa anyar arupa kitab-kitab suluk lan kitab-kitab niti. Kitab suluk lan kitab niti iku mènèhi sumbangan sing gedhé marang perkembangan macapat.
C). Tembang macapat adhedhasar perkembangan basa Jroning hipotesis Zoetmulder ( 1983 : 35 ) disebutaké yèn sacara linguistik basa jawa pertengahan dudu arupa pangkal basa jawa anyar, nanging arupa rong cawang singkapisah lan divergen ing basa jawa kuna. Basa jawa kuna minangka basa umum sajroning periode Hindu – Jawa nganti runtuhé Majapahit. Wiwit tekané pengaruh Islam, basa jawa kuna tuwuh miturut rong arah sing béda siji lan sijiné lan nuwuhaké basa jawa pertengahan lan basa jawa anyar. Sabanjuré, basa jawa pertengahan lan kidungé berkembang ing Bali lan basa jawa anyar kanthi macapat-é tueuh ing Jawa. Malah nganti saiki tradisi panulisan karya sastra jawa kuna lan pertengahan isih ana ing Bali.
Sairing karo sumebaré ajaran Islam, sacara ora langsung, pengaruh kabudayan Islam agawé owah-owahan ing wangun puisi jawa. Saka kakawin sing mawa metrum India dadi kidung sing mawa metrum Jawa. Kalungguhan kakawin sing sadurungé minangka puisi resmi digantèkaké déning kidung. Nalika iku kidung dimanfaataké déning para intelektual Islam kanggo nyebaraké ajaran Islam ing pesisir lor ( Giri, Surabaya, Demak). Nanging, suwéning suwé kauripan kidung gèsèr uga saka Jawa menyang Bali, lan kalungguhané digantèkaké déning macapat kanthi gaya pesisiran lan muncul istilah macapat pesisiran.
Sawisé pusat panyebaran agama Islam pindhah saka tlatah pesisir menyang pedalaman, yakuwi Mataram, kabudayan jawa ngalami pembangunan. Ing zaman Sultan Agung ana restrukturisasi kabudayan jawa. Kabudayan Jawa dikristalisasi lan dimantebaké, umpamané macapat dilestarèkaké lan dibakokaké strukturé, nanging uga dimodernaké, umpamané, kanthi pangowahan Kalèndher Jawa minangka asil rekayasa perpaduan taun Saka lan taun Hijriyah.
1. Serat Wulangrèh Isi serat iki luwih ditujokaké marang para pemuda. Ing sajeroné ana pesen ngenani kawaskithan, kapekaan marang tandha-tandha, kajujuran lan kasabaran, rasa urmat lan sapanunggalané.
2.Serat Tripama Isi pesen serat iki diandaraké liwat perlambang utawa penampilan tokoh pewayangan minangka tuladha utawa simbul. Ana telu tokoh sing dadi conto yaiku Bambang Sumantri utawa Patih Suwanda saka epos Arjuna Sastrabahu, Kumbakarna saka epos Ramayana lan Adipati Karna utawa Basukarna saka epos Mahabarata. Miturut katelu tuladha kasebut, isi pesené arupa tuladha sipat ksatria sing pantes dianut.
3.Wirawiyata Isi pesen iki ditujokaké marang prajurit amarga nyangkut masalah ajaran keprajuritan. Bab sing kakandhut arupa janji prajurit, disiplin, kataatan, katakwaan, ora anngak lan ora sawenang-wenang.
4.Serat Panitisastra Pokok-pokok ajaran utawa pesen sing ana jroning karya iku arupa adat istiadat, sopan santun, nilai karta lan derma, tenggang rasa, pendhidhikan anak minangka pendhukung nilai sosial wong tuwa lan sanak sedulur, kawruh kanggo ngandelaké katakwaan marang Gusti kang murbèng dumadi.
5.Wulang Estri Isi pesen jroning serat iki ditujokaké marag para wanita sing bakal nglakoni urip bebrayan. Supaya kauripan rumah tanggané apik, sejahtera lair batin, isterikudu mangertèni aturan rumah tangga, ngerti watak utawa sipat bojo, teliti, lan ora olèh ndhisiki kekarepané bojo. Ajaran iki disimbulaké kanthi paraga Dewi Adaniggar saka Cina, Putri Raja Ternate, Dewi Citrawati lan lima driji tangan. Simbol-simbol iku mènèhi gambaran ngenani kegagalan kegagalan lan keberhasilan omah-omah.
6.Candra Rini Isi pesen jroning serat iki arupa ajaran moral tumrap kaum wanita jroning urip omah-omah. Konsep ajaran sing awangun deskripsi sifat, watak, prilaku istri Arjuna supaya dadi conto lan dituladhani déning kaum wanita. Istri Arjuna sing djadi perlambang yakuwi Sumbadra, Manuhara, Ulupi, Gandawati, Srikandi, Manikarja, Maeswara, Rarasati lan Sulastri.
7.Serat Dumbasawala Serat Dumbasawala isi ajaran utawa pesen sing dikarepaké dadi tuladha déning warga kraton Surakarta wektu semana. Isi pesen iku utamané ing babagan kepahlawanan (kaprajuritan), Etika ( tingkah laku ), religiusitas (ketuhanan ) lan sosial.
Karya-karya kasusastran klasik Jawa saka jaman Mataram Anyar, umumé ditulis nganggo metrum macapat.[9]. Sawijining tulisan jroning wangun prosa utawa gancaran umumé ora dianggep minangka asil karya sastra nanging mung kayadéné 'daftar isi' waé.[9] Sawetara conto karya sastra Jawa sing ditulis jroning tembang macapat kalebu Serat Wedhatama[10], Serat Wulangreh[11], lan Serat Kalatidha.[12]
Puisi tradisional Jawa utawa tembang biasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé.[13] Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak.[13] Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.[14]
Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa Sangskerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.[13]
Aturan-aturan jroning macapat mau antara liya:
- Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait).
- Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
- Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Bab lan Paragraf |
Étimologi
Macapat kerep dijarwakaké minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn rinakit saben patang wanda.[7] Nanging iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liyané uga ana.[7]. Sawijining pakar Sastra Jawa, Arps ngandaraké sawetara makna liya ing bukuné Tembang in two traditions.[7]Sajabané sing wis kasebut ing dhuwur, makna liya yakuwi tembung -pat ngarujuk marang cacahing tandha diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan jroning panembangan macapat.[7]
Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang d’ening Ranggawarsita, macapat minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing tegesé "nglgokaké nada kapapat".[7] Saliyané maca-pat-lagu, isih ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu.[7] Miturut ujaring kandha maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké déning para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang pujangga istana Yogiswara saka Kedhiri.[7] Nyatané iki klebu kategori sing saiki disebut kanthi jeneng tembang gedhé.[7] Maca-ro klebu tipe tembang gedhé yakuwi cacahing ‘’bait’’ (pada?) saben pupuh bisa kurang saka papat sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda?) jroning saben bait (pada) ora mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara.[7] Maca-tri utawa kategori sing katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut ujar diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké déning Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré.[7] Wusanané, macapat utawa tembang cilik diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali.[7]
Sajarah
Macapat minangka sebutan metrum puisi jawa tengahan lan jawa anyar, sing nganti saiki isih ditresnani masarakat, nyatané pancèn angèl dilacak sajarahé.[15] Poerbatjaraka mratélakaké yèn macapat lair bebarengan karo geguritan abasa jawa tengahan, nalika macapat wiwit dikenal, durung diweruhi sacara premana. Pigeaud nduwèni panemu yèn tembang macapat dipigunakaké ing wiwitan periode Islam. Pratélan Pigeaud sing asipat informasi kira-kira iku isih perlu diupayakaké kacocogan tauné sing mesthi. Déné Karseno Saputra ngira-ira adhedhasar analisis marang sawetara panemu lan pratélan. Yèn nyata pola metrum sing dipigunakaké ing tembang macapat padha karo pola metrum tembang tengahan lan tembang macapat tuwuh ngrembaka sairing karo tembang tengahan, mula banjur dikira-kira yèn tembang macapat wis ana ing kalangan masarakat saora-orané taun 1541 masèhi. Pangira-ira iki adhedhasar angka taun sing ana ing kidung Subrata, Juga Rasa Dadi Jalma = 1643 J utawa 1541 masèhi. ( Saputra, 1992 : 14 ) Bab iki adhedhasar pola metrum macapat sing paling wiwitan sing ana ing kidung Subrata. Watara taun iku tueuh geguritan abasa jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar yaiku kekawin, kidung lan macapat. Taun pangira-ira kuwi cocog uga karo panemuné Zoetmulder luwih kurang ing abad XVI ing jawa urip bebarengan telu basa, yaiku jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar. Jroning Mbombong manah I ( Tejdohadi Sumarto, 1958 : 5 ) disebutaké yèn tembang macapat ( sing nyakup 11 metrum ) diciptakaké déning Prabu Dewawasesa utawa Prabu Banjaransari saka Sigaluh ing taun Jawa 1191 utawa taun Masèhi 1279. Ananging miturut sumber liya, macapat ora mung diciptakaké déning sawiji uwong, nanging déning sawetara wali lan bangsawan. ( Laginem, 1996 : 27 ). Para pancipta iku yakuwi Sunan Giri Kedaton, Sunan Giri Prapen, Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati, Sunan Murya, Sunan Kali Jaga, Sunan Drajat, Sunan Kudus, Sunan Geseng, Sunan Majagung, Sultan Pajang, Sultan Adi Eru Cakra lan Adipati Nata Praja. Nanging miturut kajian ilmiah ana loro panemu sing nduwèni prabédan ngenani lairé macapat. Panemu sepisan mratélakaké yèn tembang macapat iku luwih tuwa tinimbang tembang gedhé lan panemu kaloro suwaliké. Kajaba panemu iku isih ana panemu liya ngenani lairé macapat adhedahsar perkembangan basa.A). Tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé Panemu pisanan nganggep yèn tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé tanpa wretta utawa tembang gedhé kawi miring. Tembang macapat timbul ing zaman Majapahit pungkasan nalika pengaruh kabudayan Islam wiwit surut ( Danusuprapta, 1981 : 153-154 ). Diandaraké déning Purbatjaraka yèn lairé macapat bebarengan karo kidung, kanthi anggepan yèn tembang tengahan ora ana. ( Poerbatjaraka, 1952 : 72 )
B). Tembang macapat luwih anom tinimbang tembang gedhé Panemu kaloro nganggep yèn tembang macapat lair ing wektu pengaruh kabudayan Hindu tansaya tipis lan rasa kabangsan wiwit tuwuh, yaiku ing zaman Majapahit pungkasan. Lairé macapat urut-urutan karo kidung banjur muncul tembang gedhé abasa jawa pertengahan, sabanjuré muncul macapat abasa jawa anyar. Lan ing zaman Surakarta wiwitan muncul tembang gedhé kawi miring. Wangun gubahan abasa jawa anyar sing akèh disenengi yaiku kidung lan macapat. Prosès pamunculané wiwit nalika lair karya-karya abasa jawa pertengahan sing biasa disebut kitab-kitab kidung, banjur muncul karya-karya abasa jawa anyar arupa kitab-kitab suluk lan kitab-kitab niti. Kitab suluk lan kitab niti iku mènèhi sumbangan sing gedhé marang perkembangan macapat.
C). Tembang macapat adhedhasar perkembangan basa Jroning hipotesis Zoetmulder ( 1983 : 35 ) disebutaké yèn sacara linguistik basa jawa pertengahan dudu arupa pangkal basa jawa anyar, nanging arupa rong cawang singkapisah lan divergen ing basa jawa kuna. Basa jawa kuna minangka basa umum sajroning periode Hindu – Jawa nganti runtuhé Majapahit. Wiwit tekané pengaruh Islam, basa jawa kuna tuwuh miturut rong arah sing béda siji lan sijiné lan nuwuhaké basa jawa pertengahan lan basa jawa anyar. Sabanjuré, basa jawa pertengahan lan kidungé berkembang ing Bali lan basa jawa anyar kanthi macapat-é tueuh ing Jawa. Malah nganti saiki tradisi panulisan karya sastra jawa kuna lan pertengahan isih ana ing Bali.
Sekar Macapat utawa Sekar Alit
Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:- Maskumambang: Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
- Mijil: Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
- Sinom: Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
- Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
- Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
- Gambuh: Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
- Dhandhanggula: Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
- Durma: Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
- Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
- Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
- Pocung: Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
Sekar Madya utawa Sekar Tengahan
Macapat jenis iki kayadéné tembang Kidung kang asring dienggo rikala jaman Majapahit.Sekar Ageng
Sekar macapat Ageng (gedhé) mung ana siji, yaiku Girisa. Yen dideleng seka angèlé, sekar macapat ageng kaya tembang Kakawin ing jaman kuna.Tabel Sekar
Supaya luwih gampang mbédakaké siji lan sijiné guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang-tembang mau, bisa ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:Sekar Macapat | |||
---|---|---|---|
Sekar Macapat | Guru gatra | Guru wilangan | Guru lagu |
Mijil | 6 | 10, 6, 10, 10, 6, 6 | i, o, e, i, i ,u |
Sinom | 9 | 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 | a, i, a, i, i, u ,a ,i, a |
Dhandhanggula | 10 | 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 | i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a |
Kinanthi | 6 | 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 | u, i, a, i, a, i |
Asmarandana | 7 | 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 | a, i, e, a, a, u, a |
Durma | 7 | 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7, | a, i, a, a, i, a, i |
Pangkur | 7 | 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8, | a, i, u, a, u, a, i |
Maskumambang | 4 | 12, 6, 8, 8 | i, a, i, a, a |
Pucung | 4 | 12, 6, 8, 12 | u, a, i, a |
Jurudhemung | 7 | 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 | a, u, u, a, u, a, u |
Wirangrong | 6 | 8, 8, 10, 6, 7, 8 | i, o, u, i, a, a |
Balabak | 6 | 12, 3, 12, 3, 12, 3 | a, e, a, e, u, e |
Gambuh | 5 | 7, 10, 12, 8, 8 | u, u, i, u, o |
Megatruh | 4 | 12, 8, 8, 8, | u, i, u, i, o |
Girisa | 8 | 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, | a, a, a, a, a, a, a, a |
Tuladha
Sinom
Dhandhanggula
|
Kinanthi
Asmarandana
|
Megatruh
Wirangrong
|
Perkembangan macapat lan mangsa keemasané
Sajarah perkembangan sastra jawa panjang dawa banget. Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka wis kasil gawé ikhtisar isi sing nyuguhaké pambabakan adhedhasar zaman pusaka-pusaka iku tinulis déning para apngriptané.[16]Sastra Jawa Kuna
Karya sastrané yakuwi kakawin Ramayana, kakawin Bharata Yudha.Sastra Jawa Pertengahan
Miturut panemu para ahli sastra lan sastra jawa, bates wektu sing dipatrapaké tumrap sastra jawa kuna diwiwiti jawa purba nganti waara taun 1400. Kanggo sastra jawa pertengahan, wiwit taun 1400-1700, déné sakwisé taun kasebut nganti saiki diarani sastra jawa anyar. Karya sastrané yaiku, Tantu pangelaran lan Kidung Sundayana.Sastra Jawa Zaman Islam
Jroning lembaran sastra jawa zaman Islam, ana telu pusaka sing judhulé migunakaké tembung Niti, sing maknané tuntunan. Yaiku Nitisewaka, Nitisruti lan Nitipraja. Katelu pusaka iku nadané padha, yakuwi isi tuntutan. Nitisewaka dianggit ing zaman pamaréntahan Sinuwun Mangkurat II ing Kartasura,déné Nitipraja digawé ing zaman pamaréntahan Sultan Agung ing Mataram. Nitisruti ditulis déning Pangeran Karang Gayam, yaiku sawijining pujangga krajan Pajang sing manggon ing Karang Gayam. Asma sakbeneré yakuwi Pangeran Tumenggung Sujonopuro, sing miturut silsilah isih gantung siwuré R. Ng. Ranggawarsita.Sairing karo sumebaré ajaran Islam, sacara ora langsung, pengaruh kabudayan Islam agawé owah-owahan ing wangun puisi jawa. Saka kakawin sing mawa metrum India dadi kidung sing mawa metrum Jawa. Kalungguhan kakawin sing sadurungé minangka puisi resmi digantèkaké déning kidung. Nalika iku kidung dimanfaataké déning para intelektual Islam kanggo nyebaraké ajaran Islam ing pesisir lor ( Giri, Surabaya, Demak). Nanging, suwéning suwé kauripan kidung gèsèr uga saka Jawa menyang Bali, lan kalungguhané digantèkaké déning macapat kanthi gaya pesisiran lan muncul istilah macapat pesisiran.
Sawisé pusat panyebaran agama Islam pindhah saka tlatah pesisir menyang pedalaman, yakuwi Mataram, kabudayan jawa ngalami pembangunan. Ing zaman Sultan Agung ana restrukturisasi kabudayan jawa. Kabudayan Jawa dikristalisasi lan dimantebaké, umpamané macapat dilestarèkaké lan dibakokaké strukturé, nanging uga dimodernaké, umpamané, kanthi pangowahan Kalèndher Jawa minangka asil rekayasa perpaduan taun Saka lan taun Hijriyah.
Sastra jawa zaman Surakarta wiwitan
Zaman krajan Surakarta wiwitan, sastra Jawa ngalami zaman keagungan. Akèh banget asil sastra sing diciptakaké lan isiné uga manéka warna. Bab iki tuwuh saka pengayoman para raja sing pinuju mengku praja lan wektu semana Basa Jawa dipigunakaké minangka basa dinas pamaréntahan. Saliyané kuwi, para raja lan para satria punggawané mèlu nggubah pustaka. Bab iki minangka stimulan tumrap para peminat lan sutresna budaya padha nyonto. Sri Susuhunan Pakubuwana III, Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Sri Susuhunan Pakubuwana V, KGPAA. Mangkunegara IV, R. Ng. Sindu Sastra, KPA. Kusumadilaga lan liyané,minangka tokoh-tokoh pamaréntahan pinunjul lan mèlu ndhukung ngembangaké kasusatran Jawa saliyané para pujangga sing diwisuda. Sauntara sing bener-bener anggawa sastra jawa mlebu ing abad keemasan ing zaman kasebut yakuwi R. Ng. Yasadipura I, pujangga pisanan kraton Kasunanan Surakarta Adiningrat. R. Ng. Yasadipura II utawa R. T. Sastranegara minangka pujangga Kasunanan sing kaloro.Pesen jroning Macapat
Ing sajroning tembang macapat kakandhut angkah awujud pesen. I Made Purna mratélakaké yèn : “ manéka makna lan swasana sing dikandhut ing sajroning tembang macapat kanggo ngandaraké pesen utawa amanat. Kandhutan peswn sing kasusun jroning wangun tetalèn tembung mawa kaidah utawa pathokan sing baku “ Miturut Teeuw sing dikutip déning Laginem, miturut konsèp semiotik, karya sastra dianggep minangka otonom lan komunikatif. Komunikatif nduwèni makna yèn karya sastra diwadhahi jroning model komunikasi. Jroning model komunikasi ana unsur komunikator (penyampai), ‘’message’’ (pesan), komunikan (penerima). Komponen-komponen iku kanthi fungsiné dhéwé-dhéwé bisa dianggo njlèntrèhaké manéka konsèp jroning macapat. Minangka sawijining pesen, macapat nduwèni ciri lan makna miturut angkah sing dikarepaké. Conto:1. Serat Wulangrèh Isi serat iki luwih ditujokaké marang para pemuda. Ing sajeroné ana pesen ngenani kawaskithan, kapekaan marang tandha-tandha, kajujuran lan kasabaran, rasa urmat lan sapanunggalané.
2.Serat Tripama Isi pesen serat iki diandaraké liwat perlambang utawa penampilan tokoh pewayangan minangka tuladha utawa simbul. Ana telu tokoh sing dadi conto yaiku Bambang Sumantri utawa Patih Suwanda saka epos Arjuna Sastrabahu, Kumbakarna saka epos Ramayana lan Adipati Karna utawa Basukarna saka epos Mahabarata. Miturut katelu tuladha kasebut, isi pesené arupa tuladha sipat ksatria sing pantes dianut.
3.Wirawiyata Isi pesen iki ditujokaké marang prajurit amarga nyangkut masalah ajaran keprajuritan. Bab sing kakandhut arupa janji prajurit, disiplin, kataatan, katakwaan, ora anngak lan ora sawenang-wenang.
4.Serat Panitisastra Pokok-pokok ajaran utawa pesen sing ana jroning karya iku arupa adat istiadat, sopan santun, nilai karta lan derma, tenggang rasa, pendhidhikan anak minangka pendhukung nilai sosial wong tuwa lan sanak sedulur, kawruh kanggo ngandelaké katakwaan marang Gusti kang murbèng dumadi.
5.Wulang Estri Isi pesen jroning serat iki ditujokaké marag para wanita sing bakal nglakoni urip bebrayan. Supaya kauripan rumah tanggané apik, sejahtera lair batin, isterikudu mangertèni aturan rumah tangga, ngerti watak utawa sipat bojo, teliti, lan ora olèh ndhisiki kekarepané bojo. Ajaran iki disimbulaké kanthi paraga Dewi Adaniggar saka Cina, Putri Raja Ternate, Dewi Citrawati lan lima driji tangan. Simbol-simbol iku mènèhi gambaran ngenani kegagalan kegagalan lan keberhasilan omah-omah.
6.Candra Rini Isi pesen jroning serat iki arupa ajaran moral tumrap kaum wanita jroning urip omah-omah. Konsep ajaran sing awangun deskripsi sifat, watak, prilaku istri Arjuna supaya dadi conto lan dituladhani déning kaum wanita. Istri Arjuna sing djadi perlambang yakuwi Sumbadra, Manuhara, Ulupi, Gandawati, Srikandi, Manikarja, Maeswara, Rarasati lan Sulastri.
7.Serat Dumbasawala Serat Dumbasawala isi ajaran utawa pesen sing dikarepaké dadi tuladha déning warga kraton Surakarta wektu semana. Isi pesen iku utamané ing babagan kepahlawanan (kaprajuritan), Etika ( tingkah laku ), religiusitas (ketuhanan ) lan sosial.
POSITIFE LAN NEGATIFE FACEBOOK
Sapa sing wektu saiki ora kenal sing jenengane facebook (diwaca feeisbuuk). Situs jejaring sosial kang sepisanan alamate ana ing www.thefacebook.com
digawe dening Mark Zuckerberg ana ing kampus Harvard, Cambridge,
Amerika Serikat. Nom-noman sing isih umur telu likur taun iku mung iseng
gawe jejaring sosial ana kampuse dhewe, nanging ora disengaja
kanca-kancane nggawa situs iki metu saka kampus saengga dadi situs
jejaring sosial kang gedhe lan iso ndadekake Mark Zuckerberk dadi
milyader enom.
Situs
jejaring sosial kang duweni jeneng facebook iki pancen lagi dadi rembuk
lan dadi caturan ana ing madyaning bebrayan. Durung ilang pawartos
ingkang nelakake manawa ana ABG (Anak Baru Gede) marga dolanan fecebook terus ilang. Durung maneh amarga facebook wong kang wis urip bebrayan dadi congkrah lan kepara tega mateni amerga foto sisihane di-tag karo wanita liya dening kancane facebook-an, sepisanan amarga iseng wusanane dadi prahara gedhe. Ana maneh pawarta kang nerangake manawa facebook dianggo para mucikari
kanggo nawakake barang dagangane. Kadadean kang kaya mangkono kuwi gawe
para wong tuwa wedi lan was-was apa maneh kang duwe anak wadon.
Kepriye-a
wae sing diarani teknologi ora bisa diinggati saka madyaning bebrayan
kita, marga kuwi wis pinangka kasiling budi daya manungsa kang saya
tambah jaman saya maju kahanane. Teknologi kanggone manungsa karipta
tamtu nduweni maksud lan tujuan yaiku kango ngentengake anggone makarya,
nanging ana uga wong kang jupuk bathi saka kahanan iku kanthi tumindak
culika nggunakake kanggo pakaryan kang murang tata lan gawe karugen.
Kanti
kahanan kang kaya mangkono kuwi mau wis perlu anane pangerten kang
katujokake marang para remaja babagan panggunaane teknologi kanggo gawe kasejahteraan umat
manungsa. Kenangapa bocah enom kang dadi kawigatosan, amargi ingkang
cepet anggone nyerap teknologi iki biasane bocah kang isih timur, amarga
sifate teknologi kang praktis iki duwe daya magnet kang gedhe kanggone
para nom-noman. Wong tuwa kang luwih dewasa bisa manggonake pribadine
dadi filter pinangka kontrol pangunaane piranti teknologi informasi sing saya dina saya maju iki.
TULADHA GEGURITAN
GELA TIBA MBURI
Wong bagus...
Yen tak rasa ati iki
Pancen sepi tanpa sliramu
Rasa kangen sing tak simpen jroning dada
Saya gawe aku tambah nelangsa
Yen kelingan dek semana
Ing sandingku sliramu dak sia-sia
Saiki rasane wis tansah beda
Aku kapang nalika kowe lunga
Panyuwunku pengin sesandingan marang sliramu
Tansah rukun kaya mimi lan mituna
Urip bebrayan golek
sandang pangan
Ora bakal cidra janjiku dek semana
Mituhu marang kang garwa
Genah saiki aku wis krama
Ora beda ora liya marang sliramu
Aku wis saklawase duwekmu
Dening : Denok Ridati
NaLikaNe Udan DeRes
Sore iki
langit sinawang katon mendhung
Jala wis
saya gumandhul arep tiba
Awak rasa
adhem enake bakar tela
Sajangkah
aku mlebu omah
Tumetesing
tirta alon pada tiba
Rasa atis
sajak kadhemen
Gelar klasa
tak tinggal merem
Nalikane
udan deres
Gawe ati
tambah ngenes
Mripat
kethap-kethip nyawang dhuwuran
Bayangke
nganti kaya damar kanginan
Anggitanipun : Denok
ridati
GEGURITAN
Geguritan
yaiku iketaning basa kang memper syair. Tembung geguritan asale saka
tembung gurita kang diowahi saka tembung gerita, linggane gita ateges
tembang utawa syair. Geguritan iku uga bisa kasebut puisi bebas,
kang kalebu salah sawijining asile kabudayan Jawa modern sing duwe ciri
ora kaiket ing wewatonan guru gatra, guru wilangan lan guru lagu kaya
dene tembang Macapat.
Nganggit
(ngarang) geguritan iku bisa wujud ngandharake (mahyakake) pengalaman
pribadi utawa gegambaran kahanan sing tinemu ing masyarakat, utawa
panguripaning manungsa ing alam donya manut jaman kelakone. Dene sing
diutamakake ana ing geguritan yaiku :
1.Tembung-tembunge pilihan lan mentes
2.Cacahing gatra (baris) mentes (ringkes)
3.Migunakake basa kang endah (basa rinengga), kayata :
a.Tembung-tembung kawi
b.Purwakanthi
c.Panyandra utawa pepindhan lan sapiturute
4.Migunakake tembung-tembung andhahan kang karimbag mawa :
a.Ater-ater a
b.Seselan in lan um
c.Adhapur dwilingga lan dwipurwa
5.Wirama : pamilihing aksara swara kang trep lan pas saengga bisa nuwuhake irama kang endah.
Maca geguritan iku meh padha karo maca puisi utawa deklamasi, sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku :
1.Wirama : munggah mudhune (membat mentule) swara, pocapan (irama lan lafal)
2.Wirasa : penghayatan, ngrasakake isine geguritan
Wiraga : ekspresi, patrap/sikap, obahing awak lan pasemon (rai)SEJARAHE AKSARA JAWA
Aksara Hanacaraka kagolong aksara jenis abugida utawa hibridha antara aksara silabik lan aksara alfabet. Aksara silabik
iki tegese yen saben aksara uga nyandhang sawijining swara. Hanacaraka
kalebu kulawarga aksara Brahmi sing asale saka Tanah Hindhustan. Yen
bentuke, aksara Hanacaraka wis ana kaya saiki wiwit kurang luwih abadkaping 17.
Aksara Hanacaraka iki jenenge dijupuk saka limang aksara wiwitane yaiku
“hana caraka”. Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana
rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Urutan aksara iki kaya
mengkene:
“Hana caraka” tegese “Ana utusan”
“Data sawala” tegese “Padha regejegan”
“Padha jayanya” tegese “Padha digjayane”
“Maga bathanga” tegese “Padha dadi bathang”.
Urutan ukara iki digawe miturut legendha yen aksara Jawa iku diasta dening AjiSaka saka Tanah Hindhustan menyang Tanah Jawa.
Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkene kanggo mengeti rong
panakawane sing setya nganti pati : Dora lan Sembada. Lorone mati
amerga ora bisa mbuktekake dhawuhe sang ratu. Mula Aji Saka banjur
nyiptakake aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.
Sajarah aksara Jawa Hanacaraka
1.Aksara Pallawa
Aksara Pallawa iku asale saka India sisih kidul. Jenis aksara iki digunakake ing kiwa-tengene abadkaping 4 lan abadkaping 5.
Bukti kapisan panganggonan jenis aksara iki ing Nuswantara ditemokake
ing pulo Kalimantan sisih wetan ing cedhak tlatah sing saiki diarani
Kutai. Banjur aksara iki uga digunakake ing puloJawa ing tlatah Sundha ing prasastine Tarumanegara sing katulis ing kiwa-tengene taun 450. Ing Tanah Jawa dhewe aksara iki kagunakake ing PrasastiTukMas lan PrasastiCanggal.
Aksara
Pallawa iki bisa dianggep baboning kabeh aksara ing Nuswantara, kalebu
aksara Hanacaraka. Yen dideleng aksara Pallawa iki rupane
makothak-kothak. Ing basa Inggris prekara iki diarani nganggo ukara box head utawa square head-mark. Banjur meh kabeh aksara tinulis nganggo apa sing kasebut mawa istilah serif. Serif-e tinulis ing sisih kiwa.
Senadyan aksara Pallawa wis ditepangi ing Nuswantara wiwit abadkaping 4, nanging basa Nuswantara asli durung ana sing katulis ing aksara iki.
2.Aksara Kawi Wiwitan
Prabedan
antara aksara Kawi Wiwitan karo aksara Pallawa iku utamane gayane.
Aksara Pallawa iku ketara yen sawijining aksara monumental sing kanggo
nulis ing watu. Aksara Kawi Wiwitan katone utamane aksara sing kanggo
nulis ing rontal lan mulane bentuke dadi luwih kursif. Aksara Kawi Wiwitan digunakake watara taun 750 nganti 925.
Prasasti-prasasti sing katulis ing aksara Kawi Wiwitan cacahe akeh,
kurang luwih 1/3 (sapratelon) saka kabeh prasasti sing ditemokake ing
pulo Jawa.
Ing Tanah Jawa, aksara iki paling tuwa ditemokake ing PrasastiPlumpungan (cedhak Salatiga) sing kurang luwih ditulis ing taun 750. Prasasti iki isih ditulis ing basa Sangskerta.
3.Aksara Kawi Pungkasan
Kira-kira
sawise taun 925, pusat kakuwasan ing pulo Jawa dadi pindhah ing Jawa
Wetan. Pangalihan kakuwasan iki uga katon pangaruhe ing jenising aksara
sing kanggo. Mangsa aksara Kawi Pungkasan iki kira-kira saka taun 925
nganti 1250. Sajatine aksara Kawi Pungkasan ora beda akeh ing wujude
karo aksara Kawi Wiwitan, namung gayane wae sing dadi rada seje.
Ing
sisi liya, gaya aksara sing kanggo ing Jawa Wetan sadurunge taun 925 uga
wis beda karo gaya ing Jawa Tengah. Dadi katone prabedan iki ora namung
prabedan ing wektu wae nanging uga ing papan.
Ing mangsa iki bisa dibedakake papat gaya aksara sing beda-beda :
1.Aksara Kawi Jawa Wetanan saka taun 910 – 950;
3.Aksara Kawi Jawa Wetanan Kedhiri (kurang luwih 1100 – 1220; 4. Aksara tegak (quadrate script) isih saka mangsa Kedhiri (1050-1220).
4.Aksara Majapait
Ing
sajarah Nuswantara mangsa antara taun 1250 – 1450 iki ditandhani karo
dhominansi Majapait ing Jawa Wetan. Aksara Majapait iki uga nuduhake
pangaruh saka gaya panulisan ing rontal lan rupane endhah. Gayane semu kaligrafis.
Gaya panulisan aksara gaya Majapait iki wis nyedhaki gaya modhern.
Sawise jaman Majapait sing miturut tradhisi Jawa negara binedhah ing taun 1478 (candrasangkalane sirna ilang kretaning bumi) nganti pungkasan abadkaping 16 utawa awal abadkaping 17,
kanggo sajarah aksara Jawa bisa diarani “jaman peteng”. Amerga sawise
iku nganti awal kaping 17 meh ora ditemokake bukti panulisan. Ujug-ujug
bentuk aksara Jawa dadi bentuke sing modhern.
5.Aksara Pasca-Majapait utawa Hanacaraka
Sawise
jaman Majapait, muncul jaman Islam lan uga jaman Kolonialisme Kulon ing
Tanah Jawa. Ing jaman iki banjur muncul naskah-naskah manuskrip kapisan
sing wis nganggo aksara Hanacaraka Anyar. Naskah-naskah iki ora namung
katulis ing godhong palem (rontal utawa nipah) maneh, nanging uga ing
dluwang utawa kertas lan awujud buku utawa codex (“kodheks”).
Naskah-naskah iki ditemokake ing tlatah pasisir lor Jawa lan padha
digawani menyang Eropah ing abad kaping 16 utawa 17.
Bentuke aksara Hanacaraka Anyar iki wis beda karo aksara sadurunge kayata aksara Majapaitan. Prabedan utama iku anane serif tambahan ing aksara Hanacaraka Anyaran.
Aksara-aksara
Hanacaraka awal iki bentuke memper kabeh saka Banten ing sisih kulon
nganti tekan Bali. Nanging banjur akire pirang-pirang tlatah ora nganggo
aksara Hanacaraka lan pindhah nganggo Pegon
lan aksara Hanacaraka gaya Surakartan sing dadi baku. Nanging saka
kabeh aksara iku, aksara Bali sing bentuke tetep padha nganti ing abadkaping 20.
SESORAH UTAWI PIDATO
Sesorah
wonten ing basa Indonesia dipun sebat pidato. Sesorah yaiku medharake
gagasan kanthi lisan ing ngajengipun tiyang kathah. Sesorah saged ugi
dipunwastani medhar sabda, medhar tegese ngandharake utawa ngetokake,
sabda tegese omongan/pocapan, dadi medhar sabda yaiku ngandharake
satunggaling bab (gagasan) kanthi omongan/pocapan.
A.Bab ingkang kedah dipungatosaken kaliyan pamedharsabda (wong sing sesorah), yaiku :
1.Basa
: ingkang dipunagem kedah laras/cocok kaliyan sinten ingkang
dipunadhepi lan swasanane. Basa krama menawa sing diadhepi para
pinisepuh sing kudu dikurmati. Basa ngoko menawa sing diadhepi
bocah-bocah utawa sapadane.
2.Solah Bawa :
utawa patrap (sikap sing mantep lan teteg, ngadeg jejeg, ngapurancang
lan anteng (ora kakehan obah sing ora perlu), ora ndangak utawa
ndhungkluk terus dados saged ngatekake marang audiens ingkang wonten
ngajengipun.
3.Wiramane :
swara prayogane kepenak dirungokake, ora keseron mbrebeki (manawa
nganggo mik lambe ora cedhak-cedhak mike, supaya suarane cetha) lan ora
lirih banget, cetha, ora groyok (gagap).
B.Urutane sesorah
1.Uluk salam/salam pambuka
Isine ngucapake salam marang para tamu, kawiwitan tembung nuwun, kula nuwun, utawa salam liyane.
2.Pamuji
Isine muji sukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora ana alangan
3.Wigatining atur / isi
Isine
ngaturake apa sedyane, upamane ngaturake pambagya supitan, temantenan,
sukuran utawa ngandharake ilmu pengetahuan, politik, sosial, budaya lsp.
4.Pangarep-arep
Isine nyuwun donga pangestu supaya bab sing digayuh bisa kaleksanan
5.Panutup
Isine nyuwun pangapura menawa ana kaluputan lan kekurangan anggone sesorah lan pungkasi kanthi nuwun utawa salam.
Langganan:
Postingan (Atom)