Geguritan
yaiku iketaning basa kang memper syair. Tembung geguritan asale saka
tembung gurita kang diowahi saka tembung gerita, linggane gita ateges
tembang utawa syair. Geguritan iku uga bisa kasebut puisi bebas,
kang kalebu salah sawijining asile kabudayan Jawa modern sing duwe ciri
ora kaiket ing wewatonan guru gatra, guru wilangan lan guru lagu kaya
dene tembang Macapat.
Nganggit
(ngarang) geguritan iku bisa wujud ngandharake (mahyakake) pengalaman
pribadi utawa gegambaran kahanan sing tinemu ing masyarakat, utawa
panguripaning manungsa ing alam donya manut jaman kelakone. Dene sing
diutamakake ana ing geguritan yaiku :
1.Tembung-tembunge pilihan lan mentes
2.Cacahing gatra (baris) mentes (ringkes)
3.Migunakake basa kang endah (basa rinengga), kayata :
a.Tembung-tembung kawi
b.Purwakanthi
c.Panyandra utawa pepindhan lan sapiturute
4.Migunakake tembung-tembung andhahan kang karimbag mawa :
a.Ater-ater a
b.Seselan in lan um
c.Adhapur dwilingga lan dwipurwa
5.Wirama : pamilihing aksara swara kang trep lan pas saengga bisa nuwuhake irama kang endah.
Maca geguritan iku meh padha karo maca puisi utawa deklamasi, sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku :
1.Wirama : munggah mudhune (membat mentule) swara, pocapan (irama lan lafal)
2.Wirasa : penghayatan, ngrasakake isine geguritan
Wiraga : ekspresi, patrap/sikap, obahing awak lan pasemon (rai)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar