Jumat, 18 Mei 2012

TULADHA GEGURITAN


GELA TIBA MBURI
Wong bagus...
Yen tak rasa ati iki
Pancen sepi tanpa sliramu
Rasa kangen sing tak simpen jroning dada
Saya gawe aku tambah nelangsa

Yen kelingan dek semana
Ing sandingku sliramu dak sia-sia
Saiki rasane wis tansah beda
Aku kapang nalika kowe lunga

Panyuwunku pengin sesandingan marang sliramu
Tansah rukun kaya mimi lan mituna
Urip bebrayan   golek sandang pangan

Ora bakal cidra janjiku dek semana
Mituhu marang kang garwa
Genah saiki aku wis krama
Ora beda ora liya marang sliramu
Aku wis saklawase duwekmu




Dening : Denok Ridati


 
NaLikaNe Udan DeRes

Sore iki langit sinawang katon mendhung
Jala wis saya gumandhul arep tiba
Awak rasa adhem enake bakar tela

Sajangkah aku mlebu omah
Tumetesing tirta alon pada tiba
Rasa atis sajak kadhemen
Gelar klasa tak tinggal merem

Nalikane udan deres
Gawe ati tambah ngenes
Mripat kethap-kethip nyawang dhuwuran
Bayangke nganti kaya damar kanginan


Anggitanipun : Denok ridati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar