Sabtu, 26 Mei 2012

TULADHA MEDHAR SABDA

TULADHA SABDA PASRAH PANAMPI “PANINGSET”

i. TULADHA PASRAH “PANINGSET”

Assallamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh
Assalatu wasallamu ngala asrofil ambiya’i wamursalim wangala alihi wasabihi aj’main ama badu’
Robi sodri wayah sirli amri wa khulul mil insani …….

KAPURWAKAN KANTI KULA DHEREKAKEN MANEKUNG MANENGKU PUJA BRATA LEBETING WARANA SAHANDAP PEPADHANGING HYANG SUKMA KAWEKAS INGGIH GUSTI INGKANG WELAS MIWAH MAHA ASIH, AWIT SAKING RUMENTAHING SIH WILASA MIWAH NUGRAHA INGKANG SAMPUN TUMANDUK ING JIWANGGA KITA WARADIN SAGUNG DUMADI RAHARJA MINULYA.

Kula nuwun
Kangmas / Adhimas / Bapak : ……………………………………………………
Kula asma : ……………………. kapiji kapitaya hanyepuhi pangaraking badhe Pengantin kakung, kepareng hanyanti astuti kawilujenganipun kulawarga ing mriki.
Ing salajengipun kula kepareng anglarapaken badhe Pengantin kakung inggih angger : …………………………. putranipun Kakangmas / Adhimas / Bapak : ………………………. ingkang badhe hangemong Nimas : ……………………….. putra putrinipun Kakangmas / Adhimas / Bapak : ………………………..
Hanjawi saking punika, salugu hanetepi tata cara caraning adat bebesanan, kula ngaturaken “PANINGSET” tumprap ingkang badhe nambut silaning akrami, jangkep “ABON-ABON” tuwin rinangken “PANGIRING” sawetawis. Ing pangajab mugi murakabi kangge paseksen antebing sedayanipun para besan, saha andadosaken sarana ingkang handayani, panyuwun dhumateng Pangeran ingkang Maha Agung manunggalipun Dimas : ………………………… kaliyan Nimas : …………………………..…… lestari widodo nir ing sambikala jodo ing salami-lami.
Ing wasana sadaya tuna dungkaping atur, kirang wijang-wijiling ukara, minggahing kirang subasita miwah larasing tata krami, kula nyuwun agunging samodra pangaksami
Nuwun
Wabilaihi taufik wal hidayah wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarohkatuh.


TULADHA PANAMPI “PANINGSET”

Assallamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh
Assalatu wasallamu ngala asrofil ambiya’i wamursalim wangala alihi wasabihi aj’main ama badu’
Robi sodri wayah sirli amri wa khulul mil insani …….

KAWILUJENGAN KABAGYAN MIWAH KAMULYAN MUGI TANSAH SUMANDHA ING JIWANGGA KITA AWIT SAKING NUGRAHANING GUSTI INGKANG MAHA SUCI.

Kula nuwun
Pambagya kula mugi katampi ing ngarsanipun Kangmas / Adhimas / Bapak : ……………………… Sapinesepuh dalah para pangiring.
Menggah pangandika, anglarapaken badhe pengantin Nakmas : ………………….. putranipun Kangmas / Adhimas / Bapak : ………………….. sampun kula tampi. Panyuwun kula sumangga sami sesarengan mangesti mugi kasembadan punapa ingkang kasedya sami mbangun bale wisma kaliyan Nimas : ………………………. putra putrinipun Kangmas / Adhimas / Bapak : …………………..
Wondene upacaraning paningset jangkep sampun kula tampi kanti bingah lan sanget andamel ageninging manah.
Bebasan nugraha lambanging jodho ingkang dhumawah pindha Wahyuning Jawata.
Ing salajengipun kepareng pinarak dumateng para pinisepuh dalah para pangiring mangestoni lelenggahan kanthi mardikaning panggalih, saha kirang jangkeping panampi kula mugi kersa paring pangaksama.
Nuwun
Wabilaihi taufik wal hidayah wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarohkatuh.


TULADHA SABDA PASRAH PANAMPI

I. TULADHA SABDA PASRAH BADHE PENGANTIN

Assallamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh
Assalatu wasallamu ngala asrofil ambiya’i wamursalim wangala alihi wasabihi aj’main ama badu’
Robi sodri wayah sirli amri wa khulul mil insani …….
KATENTREMAN MIWAH KARAHAYON MUGI TANSAH TUMANDUK ING KITA SAMI, AWIT SAKING PARINGING SIH NUGRAHA GUSTI INGKANG MAHA WIKAN.
Kula nuwun,
Kangmas / Adhimas / Bapak : …………………… (wakil panampi pihak putri)
Ingkang asulih sarira Bapak ……………………….. nun inggih tiyang sepuhipun badhe Pengantin Putri,
Kula asma : …………………… sinaraya panjenenganipun Bapak : ………………… inggih tiyang sepuhipun badhe Pengatin Kakung pinatah kardi kinarya suba manggalaning lampah badhe Pengantin Kakung sapendherek.
Sapisan
:
Kepareng ngaturaken salam pambagya basuki konjuk dumateng Bapak ……......... sakulawangsa.
Angka kalih
:
Ngaturaken salam taklimipun Bapak ……… mugi katur Bapak …… sagotrah.
Ingkang angka tiga
:
Kepareng ngaturaken badhe Pengantin Kakung nun inggih Bagus …………… mugi kadaupaken anut satataning agami Islam.
Wondene ingkang angka sekawan
:
Lumarap pisowanan kula sakadang wonten kiranging basa, sastra lan suba sita miwah larasing tata krami, mugi sampun kirang pamengku.
Purwa, madya lan wasana bilih ing sakmangke sampun purneng gati, kula sakadang nyuwun madal ing pasilan nderek pamit, mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih
Nuwun
Wabilaihi taufik wal hidayah wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarohkatuh.

II. TULADHA SABDA PANAMPI BADHE PENGANTIN

Assallamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh
Assalatu wasallamu ngala asrofil ambiya’i wamursalim wangala alihi wasabihi aj’main ama badu’
Robi sodri wayah sirli amri wa khulul mil insani …….
MAHARDIKENGTYAS MRING KAMARDIKAN, NUGRAHA MIWAH SIH WILASANING GUSTI INGKANG MAHA TUNGGAL, MUGI TANSAH KASARIRA ING JIWANGGA KITA WARADIN SAGUNG DUMADI RAHARJA NISKALA
Kula nuwun
Kangmas / Adhimas / Bapak : ……………… (wakil pasrah pihak kakung) ingkang asulih sarira Bapak : ……………….. nun inggih tiyang sepuhipun badhe Pengantin Kakung.
Kula asma …………………… kinarya talanging basa Bapak ………….. inggih tiyang sepuhipun badhe Pengantin Putri
Sapisan
:
Kepareng hangaturaken salam pambagya sugeng rawuh, badhe Pengantin Kakung sapendherek.
Angka kalih
:
Salam taklimipun Bapak : ………… kula tampi. Kosok wangsulipun salamipun Bapak : ……….. mugi kalarapaken dumateng Bapak : ………. Sakulawangasa.
Ingkang angka tiga
:
Pasrah panjenengan kula tampi, ing sakmangke badhe kula dhaupaken kaliyan Dyah Rara : ………….. anut satataning agami Islam.
Wondene ingkang angka sekawan
:
Kaaturan sugeng lenggah kanthi mardikaning penggalih dumugi parupurnaning pahargyan.

Ing wasana sedaya atur kula wiwit purwa, madya dalah wasana wonten kirang treping atur, kiranging suba sita punapa dene tata krami nyuwun agunging pangaksama.
Nuwun
Wabilaihi taufik wal hidayah wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarohkatuh.


III. TULADHA SABDA ATUR BAMBAGYA HARJA

Assallamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh
Assalatu wasallamu ngala asrofil ambiya’i wamursalim wangala alihi wasabihi aj’main ama badu’
Robi sodri wayah sirli amri wa khulul mil insani …….
MAHARDIKENGTYAS MRING KAMARDIKAN, NUGRAHA MIWAH SIH WILASANING GUSTI INGKANG MAHA TUNGGAL, MUGI TANSAH KASARIRA ING JIWANGGA KITA WARADIN SAGUNG DUMADI RAHARJA NISKALA
Kula nuwun
1. Para sepuh, para sesepuh miwah para pepunden ingkang tansah hamastuti pepoyaning kautaman.
2. Para Kyai, Uztad, ngalim ulama lan para pandhita ingkang sanget kula dhereki fatwa-fatwanipun lumarap ingkang pantes sinudarsana ing sasami.
3. Para manggalaning praja satriyaning Pancasila ingkang kinarya pandam pandoming kawula dasih den ingkang pantes sinudarsana.
4. Utaminipun ingkang minulyeng budi Bapak Bupati Purworejo Hadipurwa Haji Kelik Sumrohadi Sarjana Sosial, Magister Manajemen ingkang sinungga ing pakurmatan.
5. Para sanak kadang kulit daging pawong mitra ingkang pantes sinambrama ing pamboja.
6. Para remaja putra remaja putri ingkang satuhu kinasih ing Gusti, waradinipun para tamu kakung putri wreda muda minulya.
Punten dalem sewu mugi tinebih ing saru siku, dene ing wekdal pinika kula cumanthaka sumantana, nerak subasita tinebih ing udanegari. Kepareng munggel pangandikan miwah hanyaruwe kamardikan panjenengan sami. Esthining parasdya tebih ing raos kumalungkung, hamung netepi darmaning wajib tinimbalan panjenenganipun Bapak : ………………….. piniji kapitaya kinen anglarapaken atur pambagya basuki harja, konjuk para tamu kakung putri wreda muda munulya.
Sapisan, kepareng ngaturaken saha munjukaken puja-puji syukur sahandap pepadaning Gusti Ingkang Maha Tunggal, inggih awit saking paringing rahmat, nikmat, saha rumentahing sih wilasa miwah nugraha dhumateng kita sami, sahengga ing wekdal punika kita saget hanjenengi adicara pahargyan kanti tulus raharja nir ing sambikala.
Angka kalih, kepareng hangaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami await sarawuh panjenengan sami ingkang sampun nglodangaken wekdal saha kasdu ing kersa hanjenengi sedhanipun Bapak : ………………………….
Jangkep ingkang angka tiga, hangaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng sanak kadang tangga tepalih ingkang sampun sahabipraya suka pambiyantu ingkang awujud punapa kewala wiwit purwa madya wasananing gati. Ingkang punika Bapak : …………….. mboten saget suka lelintu ingkang satraju kaliyan sih kadarman panjenengan sami. Hamung panuwun ingkang mawantu-wantu ing ngarsaning Gusti Ingkang Maha Mirah, mugi pinaringan lelintu ingkang linangkung.
Ingkang angka sekawan, bombonging manah Bapak : ………. tanpa pepindhan dupi hanguningani sanggya para rawuh ingkang hanglangkungi lebeting pandapi, sampun sami lenggah satata pepek sinaroja. Hamung kewala salebeting raos bombong, kaselip raos kuciwa, ingkang mboten saget cinarita ing ukara. Awit sarawuh panjenengan sami Bapak : ………… mboten saget hangacarani saha atur palenggahan ingkang satraju kaliyan kalenggahan para rawuh, punapa dene samukawis ubarampening pahargyan ingkang kirang nuju ing prana, mboten wonten atur ingkang langkung utami namung nyuwun agunging samodra pangaksami.
Ewa semanten Bapak : ………….. taksih nyuwun puja pagestu sawetawis lumunturing sih puja-puji pudyastuti saking para rawuh, mugi purneng gati amanggih suka basuki, tinebih ing sukerta, cinaket ing kabagyan miwah kamulyan.
Ing wasana samya kaaturan sugeng lenggah dumugi paripurnaning pahargyan. Sedaya atur kula wiwit purwa, madya dalah wasana kathah cecer cewet galap gangsuling atur, kirang wijang wijiling ukara, minggahing kirang subasita miwah larasing tata krami mugi sampun kirang ing pamengku. Rahayu ingkang sami pinanggih.
Wabilaihi taufik wal hidayah wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarohkatuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar