Jumat, 18 Mei 2012

POSITIFE LAN NEGATIFE FACEBOOK

Sapa sing wektu saiki ora kenal sing jenengane facebook (diwaca feeisbuuk). Situs jejaring sosial kang sepisanan alamate ana ing www.thefacebook.com digawe dening Mark Zuckerberg ana ing kampus Harvard, Cambridge, Amerika Serikat. Nom-noman sing isih umur telu likur taun iku mung iseng gawe jejaring sosial ana kampuse dhewe, nanging ora disengaja kanca-kancane nggawa situs iki metu saka kampus saengga dadi situs jejaring sosial kang gedhe lan iso ndadekake Mark Zuckerberk dadi milyader enom.
Situs jejaring sosial kang duweni jeneng facebook iki pancen lagi dadi rembuk lan dadi caturan ana ing madyaning bebrayan. Durung ilang pawartos ingkang nelakake manawa ana ABG (Anak Baru Gede) marga dolanan fecebook terus ilang. Durung maneh amarga facebook wong kang wis urip bebrayan dadi congkrah lan kepara tega mateni amerga foto sisihane di-tag karo wanita liya dening kancane facebook-an, sepisanan amarga iseng wusanane dadi prahara gedhe. Ana maneh pawarta kang nerangake manawa facebook dianggo para mucikari kanggo nawakake barang dagangane. Kadadean kang kaya mangkono kuwi gawe para wong tuwa wedi lan was-was apa maneh kang duwe anak wadon.
Kepriye-a wae sing diarani teknologi ora bisa diinggati saka madyaning bebrayan kita, marga kuwi wis pinangka kasiling budi daya manungsa kang saya tambah jaman saya maju kahanane. Teknologi kanggone manungsa karipta tamtu nduweni maksud lan tujuan yaiku kango ngentengake anggone makarya, nanging ana uga wong kang jupuk bathi saka kahanan iku kanthi tumindak culika nggunakake kanggo pakaryan kang murang tata lan gawe karugen.
Kanti kahanan kang kaya mangkono kuwi mau wis perlu anane pangerten kang katujokake marang para remaja babagan panggunaane teknologi kanggo gawe kasejahteraan umat manungsa. Kenangapa bocah enom kang dadi kawigatosan, amargi ingkang cepet anggone nyerap teknologi iki biasane bocah kang isih timur, amarga sifate teknologi kang praktis iki duwe daya magnet kang gedhe kanggone para nom-noman. Wong tuwa kang luwih dewasa bisa manggonake pribadine dadi filter pinangka kontrol pangunaane piranti teknologi informasi sing saya dina saya maju iki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar