Sesorah
wonten ing basa Indonesia dipun sebat pidato. Sesorah yaiku medharake
gagasan kanthi lisan ing ngajengipun tiyang kathah. Sesorah saged ugi
dipunwastani medhar sabda, medhar tegese ngandharake utawa ngetokake,
sabda tegese omongan/pocapan, dadi medhar sabda yaiku ngandharake
satunggaling bab (gagasan) kanthi omongan/pocapan.
A.Bab ingkang kedah dipungatosaken kaliyan pamedharsabda (wong sing sesorah), yaiku :
1.Basa
: ingkang dipunagem kedah laras/cocok kaliyan sinten ingkang
dipunadhepi lan swasanane. Basa krama menawa sing diadhepi para
pinisepuh sing kudu dikurmati. Basa ngoko menawa sing diadhepi
bocah-bocah utawa sapadane.
2.Solah Bawa :
utawa patrap (sikap sing mantep lan teteg, ngadeg jejeg, ngapurancang
lan anteng (ora kakehan obah sing ora perlu), ora ndangak utawa
ndhungkluk terus dados saged ngatekake marang audiens ingkang wonten
ngajengipun.
3.Wiramane :
swara prayogane kepenak dirungokake, ora keseron mbrebeki (manawa
nganggo mik lambe ora cedhak-cedhak mike, supaya suarane cetha) lan ora
lirih banget, cetha, ora groyok (gagap).
B.Urutane sesorah
1.Uluk salam/salam pambuka
Isine ngucapake salam marang para tamu, kawiwitan tembung nuwun, kula nuwun, utawa salam liyane.
2.Pamuji
Isine muji sukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora ana alangan
3.Wigatining atur / isi
Isine
ngaturake apa sedyane, upamane ngaturake pambagya supitan, temantenan,
sukuran utawa ngandharake ilmu pengetahuan, politik, sosial, budaya lsp.
4.Pangarep-arep
Isine nyuwun donga pangestu supaya bab sing digayuh bisa kaleksanan
5.Panutup
Isine nyuwun pangapura menawa ana kaluputan lan kekurangan anggone sesorah lan pungkasi kanthi nuwun utawa salam.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar